Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

40 Tuladha ( Contoh ) Penyandra Lan Artine / Tegese

40 Contoh Penyandra Lan Artine / Tegese





Ing ngisor iki tuladha-tuladha Penyandra Lan Artine / Tegese :



  1. Alise nanggal sepisan tegese alise njlarit memper rembulan nuju tanggal siji/membentuk garis lengkung yang cantik



  2. Alise kaya ngroning imba tegese alise kaya godhong imbo, tipis njlarit.



  3. Alise nyingkal tegese alise kaya singkal



  4. Bathuke nyela cendani tegese bathuke alus sumorot/memancar



  5. Bangkekane nawon kemit tegese bangkeane cilik



  6. Dlamakane sajari miring tegese dlamakane tipis banget



  7. Drijine mucuk eri tegese drijine lancip-lancip kaya pucuri ri



  8. Granane rungih pindha kencana piñata tegese Irunge mbangir/mancung kaya emas digosok nganggo patar.



  9. Gulune nglunging gadhun tegese janjang mayuk, mengarep



  10. Gulune ngulan-ulan tegese gulune janjang



  11. Kempole ngembang pudhak tegese kempole putih mulus



  12. Idepe mangada-ada tegese idepe ngjegrak



  13. Idepe tumengeng tawang tegese idep kang pucuke ndengking, mayuk mandhuwur



  14. Jajabang mawinga-winga tegese dhadhane mengangah abang kaya abange kembang wora-wari



  15. Kempole nyikil walang tegese sikile koyo sikil walang



  16. Kempole ngembang pudhak tegese sikile putih banget



  17. Lakune kaya macan luwe tegese lakune alon banget kaya macan ngelih.



  18. Lakune mucang kanginan tegese mlakune kaya pucang seng kangingan obahe ngiwo nengen



  19. Lakune njalak dinding tegese mlakune kaya manuk jalak dinding



  20. Lambehane mblarak sempal tegese lambehan tangane sempale blarak seng tiba.



  21. Lathi manggis karengat tegese lambe/lathi kanga bang kaya abange manggis dibenthet/diplethek.



  22. Mripate blalak kocak tegese mripate mblalak (ora pati amba nanging bening) semu kedher neng semake.



  23. Mripate ndamar kanginan tegese mripate kaya damar kanginan lep-lep kedher/kedhep-kedhep.



  24. Pakulitane ireng manis tegese werna kulite ireng nanging manis



  25. Pamulune prada binabar tegese wajahe kaya ono sinare



  26. Payudarane nyengkir gadhing tegese gede kaya kelapa nom



  27. Pipine nduren asjuring tegese pipine kaya duren sajuring (lancip)



  28. Polahe kaya gabah diinteri tegese uyek-uyekan, bingung pating bilulung (mbingungi)



  29. Pundhake nraju mas tegese pundhake rata, kiwa-tengene. Maksude pundhak kanan lan kiri sejajar.



  30. Rambute ngandhan-andhan tegese rambute ngombak (bergelombang) kaya godhong pandan/kembang bakung.



  31. Simbar jaja wulu-wawar tegese dhadhane ana wulune dawa-dawa.



  32. Simbar jaja pan kadya walingi tegese wulu ing dhadhane gedhene sawlingi-wlingi



  33. Sinome micis wutah tegese sinome kruwel-kruwel bunder kelap-kelip kaya picis wutah.



  34. Tangane kaya gendhewa gading tegese bentuk lengen tangan kang becik



  35. Tangane kaya gendhewa pinentang tegese tangan sing sikute nekuk mlebu



  36. Tungkake bunder lir jinangka tegese tungkake bunder banget.



  37. Untune miji timun tegese untune cilik-cilik rentep, rapi memper wiji timun.



  38. Waja gathik kumedut padoning lathi tegese untune gathik, padone lambe kedut-kedut (merga napsu banget).



  39. Wang-e nyangkal putung tegese Wang-e wangune memburi lan ramping ngresepake



  40. Wentise mukang gangsir tegese wentise kaya wentis gangsir (sajenis gangsir)