Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal UAS / UKK Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Dan Kunci Jawaban

Soal UAS / UKK Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Dan Kunci Jawaban



A. WENEHANA TANDA PING (X) ING AKSARA A, B, C, UTAWA D SING DIANGGEP BENER!


Wacanen kanthi premathi!


Koperasi Sekolah


Koperasi sekolah iku salah sawijine organisasi ing sekolahan. Murid-murid iso dadi anggotane kabeh. Koperasi sekolah ngelatih murid-murid pada guyup rukun kerja bareng-bareng mbi kanca-kancane. Koperasi sekolah iku uga iso dadi papan panggonan supaya murid-murid pada latihan dodolan.


Koperasi sekolah iku dodol kabutuhan-kabutuhane para murid. Saka buku, pensil, garisan lan lia-liane. Koperasi sekolah gampangake murid-murid supaya iso tuku kabutuhan sekolah ing njero sekolahane dewe. Rega-rega ing koperasi sekolah uga murah-murah. Merga ngana para murid pada seneng tuku-tuku kabutuhan sekolah ing koperasi sekolah.


1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ….
a. Kagunaan koperasi sekolah
b. Organisasi koperasi
c. Koperasi Sekolah
d. Dodolan nang sekolahan


2. Opo bae contohe barang sing disediakake ing koperasi sekolah?
a. Tas, sepeda lan topi
b. Buku, pensil lan garisan
c. Pupuk, klambi lan obat
d. Obat lan sembako


3. Koperasi sekolah iso ngelatih murid-murid pada ….
a. Sesarengan nggarap PR bareng kanca-kancane
b. Sesarengan gurub rukun kerja bareng kanca-kancane
c. Dodolan kanthi untung kang akeh
d. Adol tinuku obat-obatan sing bermanfaat


4. Anggota koperasi sekolah yaiku ….
a. Bakul ing pasar
b. Pedagang kaki lima
c. Murid sekolah
d. Guru lan wali murid


5. Karpriye rega-rega ana ing koperasi sekolah?
a. Rodo larang
b. Paling murah
c. Murah-murah
d. Rodo murah


6. Tembang macapat iku cacahe ana ….
a. 8
b. 9
c. 10
d. 11


7. Tembang Pocung iku ana …. gatra
a. 4
b. 5
c. 6
d. 7


8. Cacahing larik saben sapada iku diarani ….
a. Guru lagu
b. Guru gatra
c. Guru wilangan
d. Guru swara


9. Kosok baline tembung gething yaiku ….
a. Muring
b. Seneng
c. Kuciwa
d. Sengit


10. Papan panggonan kanggo wong adol tinuku yaiku ….
a. Puskesmas
b. KUA
c. Sekolahan
d. Pasar


11. Wong sing penggaweane ngelakokake sepur yaiku ….
a. Nahkoda
b. Masinis
c. Pilot
d. Kondektur







LIHAT JUGA SOAL INI DALAM BENTUK VIDEO :









>> Video Soal UAS / UKK Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Dan Kunci Jawaban <<












12. Budhe untune lara. Basa kramane yaiku ….
a. Budhe wajane gerah
b. Budhe wajanipun lara
c. Budhe wajaning gerah
d. Budhe wajanipun gerah


13. Iku – digawe – kayu – lemari – saka. Tembung-tembung iku urutane kang bener yaiku ….
a. Kayu iku digawe saka lemari
b. Digawe lemari iku kayu saka
c. Lemari iku digawe saka kayu
d. Lemari iku saka kayu digawe


14. Raden Werkudara nalika enome aran ….
a. Punthadwa
b. Janaka
c. Bratasena
d. Kresna


15. Musuhe pandhawa yaiku bala ….
a. Punakawan
b. Barata
c. Kurawa
d. Ratu


16. Gamane raden werkudara yaiku ….
a. Kuku Pancanaka
b. Kotang Antakusuma
c. Panah Pasopati
d. Cunda manik


17.



Tembung ing nduwur iku unine ….
a. Maca buku
b. Tuku buku
c. Mata biru
d. Mara tuku


18. Ana kucing lima
Yen ditulis jawa dadi ….
a.







 b.


c.


d.



19. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku ….
a. Budi lagi nata buku
b. Rina lagi mangan sega
c. Sepedane lagi digawa Tuti
d. Pak guru lagi ngulang muride


20. Santi yen ketemu Galang iku kaya banyu karo lenga. Tegese kaya banyu karo lenga yaiku ….
a. Akur banget pasedulurane
b. Pasedulurane ora bisa rukun
c. Pesedulurane akrab banget
d. Ora gelem pisah yen wes ketemu


21. Paribasan bathok bolu isi madu tegese ….
a. Wong pinter nanging sombong
b. Wong bodo nanging asor
c. Wong asor nanging sugih kapinteran
d. Wong sing pinter nanging ora gelem kekancan


22. Kembang jagung arane sinuwun, yen kembang kanthil arane …
a. Karuk
b. Dangu
c. Gading
d. Maya


23. Sebutan pancuran kapit sendang iku kanggo ….
a. Anak telu lanang kabeh
b. Anak telu, wadon lanang wadon
c. Anak telu, lanang wadon lanang
d. Anak telu wadon kabeh


24. Anak loro lanang kabeh diarani ….
a. Ontang-anting
b. Uger-uger lawang
c. Sendang kapit pancuran
d. Pancuran kapit sendang


25. Anak macan kuwi arane ….
a. Bledug
b. Gogor
c. Piyek
d. Cempe


Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya :
-> Link Download Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Dilengkapi Kunci Jawaban 



Jika ingin mengerjakan soal pilihan gandanya secara online dengan langsung ternilai secara online, silahkan dicoba :





B. JAWABEN PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER!


1. Maskumambang iku kalebu tembang ….
2. Cacahe gatra tembang dandanggula iku ana …. gatra.
3. Cacahing wanda ing saben sak gatra iku diarani guru ….
4. Raden Gathotkaca iku kasatriyan ing ….
5. Panengahing pandhawa yaiku raden ….
6. Jamus kalimasada iku gamane raden ….
7. Manungsa iku butuh sandhang, pangan lan ….
8. Kondektur iku penggaweane nariki ongkos lan karcis ing njero …
9. Kembang nangka arane ….
10.



unine yaiku ….


C. JAWABEN PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER!


1. Sebutna 5 bae kang kalebu tembang Macapat!
Jawab : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
2. Apa sing dimaksud guru gatra, guru wilangan dan guru lagu!
Jawab : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
3. Tembung-tembung ing njero kurung iki benerake!
a. Bu Jumi (tuku) anake sepeda anyar
b. Andi atine seneng amerga (paring) hadiah Pak Guru
c. Supaya ora tiba kudu (cekel) taline sing kenceng
Jawab : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
4. Tulisen basa kramane ukara ing ngisor iki!
a. Kang Ali lagi njaluk duwit karo bapake
b. Wong sing gelem maca buku iso dadi pinter pikirane
Jawab : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
5. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!
a. Ana kebo mangan suket
b. Ibu lagi tindak menyang pasar
Jawab : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….


Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya :
-> Link Download Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Dilengkapi Kunci Jawaban 



Jika ingin mengerjakan soal pilihan gandanya secara online dengan langsung ternilai secara online, silahkan dicoba :




KUNCI JAWABAN SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER 2
BAHASA JAWA KELAS 4 SD

A. JAWABAN


1. c. Koperasi Sekolah
2. b. Buku, pensil lan garisan
3. b. Sesarengan gurub rukun kerja bareng kanca-kancane
4. c. Murid sekolah
5. c. Murah-murah
6. d. 11
7. a. 4
8. b. Guru gatra
9. b. Seneng
10. d. Pasar
11. b. Masinis
12. d. Budhe wajanipun gerah
13. c. Lemari iku digawe saka kayu
14. c. Bratasena
15. c. Kurawa
16. a. Kuku Pancanaka
17. a. Maca buku
18. d. 
19. c. Sepedane lagi digawa Tuti
20. b. Pasedulurane ora bisa rukun
21. c. Wong asor nanging sugih kapinteran
22. c. Gading
23. b. Anak telu, wadon lanang wadon
24. b. Uger-uger lawang
25. b. Gogor







LIHAT JUGA SOAL INI DALAM BENTUK VIDEO :









>> Video Soal UAS / UKK Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Dan Kunci Jawaban <<













B. JAWABAN


1. Macapat
2. 10
3. Wilangan
4. Priggodani
5. Janaka
6. Punthadewa
7. Papan
8. Bis / Bus
9. Babal
10. Nakula Sadewa


C. JAWABAN


1. Tembang Macapat cacahe ana 11 yaiku :
– Maskumambang
– Pocung
– Gambuh
– Megatruh
– Mijil
– Kinanthi
– Asmaradana
– Durma
– Pangkur
– Sinom
– Dandang Gula


2. Guru gatra yaiku cacahing larik saben sapada
Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben sak gatra
Guru lagu yaiku unine swara ing pungkasing gatra


3. a. Nokokake
b. Diparingi
c. Cekelan


4. Nulis basa kramane ukara ing ngisor iki:
a. Kang Ali lagi njaluk duwit karo bapake = Kang Ali nembe nyuwun yatra kalian bapakipun
b. Wong sing gelem maca buku iso dadi pinter pikirane = Tiyang ingkang purun maos buku saget dados lantip pikiranipun


5. Nulis ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa :
a. Ana kebo mangan suket



b. Ibu lagi tindak menyang pasar